SEJARAH BERDIRINYA KALURAHAN GIRIMULYO

Eka_ 08 Agustus 2024 11:04:34 WIB

Gumelaring Bumi Girimulyo

Bumi Girimulyo Dumunung wonten ing kecamatan panggang, kab gunungkidul, mujudaken wilayah ingkang dumados saking pareden sela kapur ingkang ketingal endah. Girimulyo dumunung ing saktengah – tengahing wilayah kecamatan panggang, sisih wetan winatesan dening Desa Girisekar, sisih kidul winates desa Giriwungu lan Girikarto, sisih kilen Giriwungu, lan sisih ler Girisuko.

Kawontenaning pasiten Girimulyo dumados saking sela kapur, suka bukti bilih asal usulipun bumi girimulyo punika sakawit dasaring samudra, jalaran kathah dipun panggihaken fosil kewan laut purba ingkang ngiyataken pemanggih menika. Wewengkon menika sakawit dados daratan awit minggahipun tektonik lan fulkanik. Mekaten punika kanyata saged ndadosaken wonten gayut ipun kalian sifat, budaya, lan pangupa jiwanipun warga desa girimulyo. Nama Girimulyo kadadosan saking Giri ingkang artosipun Gunung, lan Mulyo ingkang ateges Sugih/Subur. Pramila nama Girimulyo nggadahi pangangkah bilih warga Girimulyo tansah mulyo

 

 

Dokumen Lampiran : SEJARAH BERDIRINYA KALURAHAN GIRIMULYO


Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Peta Desa